Cerkak dening F. Pancawati Puji Rahayu
Esuk kuwi bocah kelas rolas sos telu pating brengok
ana plataran sekolah. Swarane gawe geter ati. Bocah sos siji lan sos loro uga
ana sing melu bengak – bengok. Critane, bocah – bocah mau padha unjuk rasa.
Gandheng ana tontonan gratis, kabeh murid pada ndelok.
Kadya semut kang mambu aruming gula, sawetara wartawan
kutha gita – gita nekani keramean iku.
Dheweke oleh pawarta anget lan narik kawigaten. Katrangan sithik saka sawetara
bocah cukup kanggo bahan pawarto kang ngemot unsur 5 W + 1H.
Horeging swasana rada mendha rikala Kepala Sekolah
metu kairing guru – guru. Sepi sauntara, kalodhangan iki digunake Kepala
Sekolah kanggo menehi katrangan.
“
Bocah – bocah, coba gatekna, aku arep omong. Kowe kudu ngerti yen Pak Yadi arep
pindhah anggone ngasta iku kersane Pak Yadi pribadi. Ora ana gegayutane karo
aku….”
“Huuuu…!!
“ Pambengoke bocah – bocah. Swasana dadi rame meneh.
“
Kula sedaya mboten pitados. Mesthi wonten menapa – menapa! “ celathune Anton ketua
kelas sos telu.
“
Kula sedaya badhe mogok, umpami Pak Yadi kapindhah saking sekolah mriki “
“
Wis – wis. Aku saiki tak musyawarah karo dewan guru ngrembuk bab iki. Gage kana
kowe kabeh mlebu kelas” Kepala Sekolah kanthi suara sora nggusahi bocah – bocah.
Bel
kaunekake sanadyan wis jam pitu luwih telung puluh menit. Guru – guru kanthi
alus nggiring bocah – bocah mlebu kelas.
Kahanan mau mesthi wae ngganggu
konsentrasi para murid. Atine guru – guru uga pada goreh. Ringkesing crita,
bocah – bocah diulihke gasik amarga arep ana rapat sekolah mbahas kasuse Pak
Yadi lan unjuk rasane bocah – bocah.
“
Pak Yadi, panjenengan sampun priksa ta yen kedadosan wau amerga panjenengan ?”
Pangandikane Kepala Sekolah sengol. Atine Pak Yadi ndhongkol. Guru – guru
megeng napas. Sepi. Pak Yadi meneng, merbawani. Sakwise unjal ambegan, “ Pak
kula badhe medal saking sekolah mriki
amargi wonten dhasaripun. Sepisan, kula kuciwa kaliyan tumindakipun lare enggal
engkang Bapak tampi wulan September kepengker. Lare menika murang tata, mboten
trimah yen bijinipun abrit. Kepara ngancam. Kula mboten ajrih kaliyan
ancamanipun. Kaping kalih, manah kula tansaya kuciwa malih rikala panjenengan
nyarujuki tumindakipun lare menika” sora lan tanpa tedheng aling – aling
ngendikane Pak Yadi.
Mbrabak pasuryane Kepala Sekolah. Socane mencereng.
Kanthi swara abot paring pangandikan, “Pak, mboten ateges kula mbelani lare
murang tata menika. Panjenengan kedahipun nglenggana. Lare menika sampun kelas
pinten ? Menapa kita ing tembe mboten lingsem menawi salah satunggale murid
wonten ingkang mboten lulus? Kadospundi mangke gotheke tiyang kathah? Sekolah
kita ingkang sampun kasuwur lan pinitados masyarakat ngantos mboten lulus 100
persen? “ ngendikane Kepala Sekolah rumangsa bener.
Pak Yadi mlenggong. Ngendhelong rasa atine.
“
O… iki ta dhasare aku kudu nyulap biji ? Isin ? “ ngono panggrundele. “ Anake
sapa sik bocah iki, wo..lha anake
pengacara kondhang. Mula Kepala Sekolahku gigrik “ Pak Yadi gemremeng sajak
ngece.
“
Pak, kanggene kula, biji menika dipun gayuh karana pambudidaya. Sing kula biji
niku usahane lare menika. Kula mboten tega menawi ngapusi para tiyang sepuh
ingkang sampun pitados dateng sekolah kita. Pramila, murid ingkang sregep lan telaten menika ingkang kedahipun
pikantuk biji ingkang sae, mboten lare ingkang murang tata niku” rada sareh Pak
Yadi anggone menehi argumentasi.
“ Cekap ,Pak! Kula samenika malah gadhah panyakra bawa
ingkang awon. Wosipun, Pak Yadi mbujuk lare – lare supados sami demo.
Panjenengan nabok nyilih tangan, leres ta ? Pedhes , landhep , lan sinis
ngendikane Kepala Sekolah.
“ Brraaak ….! “Ora gelem kalah Pak Yadi nggebrak meja.
Atine njola dituding Kepala Sekolahe. Miturut atine Kepala sekolahe kleru
gedhe. Seprana – seprene senengane
nyulap biji. Nggawe biji palsu. Mula wis trep menawa saiki okeh dhokter palsu,
insinyur palsu, pengacara palsu, lan kepala sekolah palsu.
Klepat, Pak Yadi metu saka parepatan mau tanpa pamit.
Dheweke metu nggawa prinsip kang teguh nuruti laku kang dituntun ati nuranine.
**********************************************************
No comments:
Post a Comment